Ayahanda R.Soekari meninggalkan wasiat buku silsilah yang ditulis dalam huruf Jawa dan disalin saya, silsilah berawal dari Sunan Bayat atau nama lainnya Pangeran Mangkubumi atau Susuhunan Tembayat atau Sunan Pandanaran dua (II) atau Wahyu Widayat, Sunan Bayat adalah tokoh penyebar agama islam di Jawa yang disebut-sebut dalam sejumlah babad serta cerita-cerita lisan, Sunan Bayat terkait dengan sejarah kota Semarang dan penyebaran awal agama Islam di Jawa. Makam Sunan Bayat terletak di perbukitan "Gunung Jabalkat" di wilayah Kecamatan Bayat - Klaten - Jawa Tengah dan masih ramai diziarahi orang hingga sekarang. Dari sana pulalah konon Sunan Bayat menyebarkan ajaran Islam kepada masyarakat wilayah Mataram. Sunan Bayat dianggap hidup pada masa Kesultanan Demak (abad ke-16).Terdapat beberapa versi mengenai turunan Sunan Bayat, dengan adanya blog ini saya harap dapat mempersatukan, saling melengkapi dan bersilaturrahmi antar teturunan Sunan Bayat khususnya keluarga R. Soekari bin R.Kromodiwirjo.

Sunan Bayat adalah leluhur dari R.Soekari Kromodiwirjo.

Raden Soekari Kromodiwirjo adalah keturunan dari Sunan Bayat sebagaimana tertulis didalam catatan silsilah keluarga Soekari yang ditulis dalam huruf Jawa.

Pangeran Bayat atau Susuhunan Tembayat mempunyai gelar Sunan Pandanaran atau juga dikenal dengan sebutan Sunan Bayat yang makamnya terletak di perbukitan Jabalkat, Bayat Klaten, Jawa Tengah. Sunan Bayat mempunyai putera yang tinggal berpisah pisah, diantara putra putrinya tersebut salah satunya tinggal di Kampak, Trenggalek, Tulungagung sebagai Pengageng Merdiko, yaitu R.Ronosentiko.

R.Ronosentiko mempunyai putera 2 orang yaitu,

1. R.Kromodiwirjo,

Mantri Tondo di Distrik Kampak Trenggalek, waktu itu pajak masih ke Solo.

2. R.Malangdiwirjo, Mantri Sarang burung Munjungan Trenggalek, pajak masih ke Solo.

R.Kromodiwirjo, mempunyai putera 3 orang yaitu :


1. R.Karmonodiwirjo, Pengageng Merdiko Distrik Panggul. Dibunuh oleh Belanda, dipotong menjadi 3 bagian dibuang secara terpisah (konon karena kesaktiannya, supaya tidak hidup kembali). Kepalanya ditancap ditonggak diletakkan diperempatan jalan, lehernya dibuang ke sungai hanyut sampai ke laut selatan , sedangkan badannya dikubur di Barat Sungai Nggayam Panggul. Beliau tidak mempunyai putera atau tidak jelas keterangannya.


2. R.Brontodiwirjo, Demang Senden Kampak, Trenggalek, mempunyai putera
1 orang yaitu, R.Kromodiwirjo (nama nunggak semi), juga sebagai Demang Senden Kampak, Trenggalek.


3. R.Karjodiwirjo, Demang Bendo Kampak, Trenggalek, berputera 7 orang yaitu,

1.R.Prawirodiwirjo, 2.R.Padmodiwirjo, 3.R.Hargodiwirjo, 4.Rr.Soetarminah, 5.R.Notowasito, 6.R.Djora /Mudjio, 7.R.Soewadi /Poedjodiwirjo.

R.Kromodiwirjo (nama nunggak semi) mempunyai isteri R.AyuSoemirah berputera 11 orang yaitu,
1.R.Soenito Hardjo
2.R.Samad Prawiro Sentono
3.Rr.Oemi
4.R.Moeradji Sastrodipuro/ Sastrodiwirjo
5.R.Koesno/ Soepardi (kembar)
6.R.Maliat Wido Sadjono (kembar)
7.Rr.Soetjilah
8.R.Soekari
9.R.Soedjadno
10.R.Soekandar
11.Rr.Soeistilah

1).R.Soenito Hardjo,

mempunyai putera 5 orang yaitu,
1.R.Rustamgushadji /Harminto, 2.R.Haripi (Makasar), 3.Rr.Djami Sriani, 4.Rr.Rukmini, 5.R.Hadi (Surabaya).


2).R.Samad Prawiro Sentono /Soewadji mempunyai istri Muinah,

berputera 6 orang yaitu,
1.Rr.Suwarni, 2.R.Sunari, 3.Rr.Murtini, 4.Rr.Murdiyah, 5.R.Mursidi, 6.Rr.Sri.


3).Rr.Oemi x Muljono

berputera 4 orang yaitu,
1. R.Mulyono Slamet, 2.R.Rustam Adji, 3.Rr.Srimulyani, 4.Rr.Ruby.


4).R.Moeradji Sastrodipuro,

berputera 3 orang yaitu,
1.R.Fatah /Totok, 2.Rr.Ni, 3.R.Hadi.


5).R.Koesno /Soepardi x Siti Suwarni

berputera 11 orang yaitu,
1.Rr. Kustinah, 2.Rr.Suratmini, 3.R.Sunjoto, 4.R.
Suprapto, 5.Rr.Kustijah 6.R.Suharsono,

7.R.Suhardi /Djoko, 8.R.Sumedi, 9.R.Sudradjat, 10.R.Suhartono, 11.R.Suharikusno.


6).R.Maliat Widosadjono

mempunyai putera 1 orang yaitu,

1.Rr.Watini


7).Rr.Soetjilah, tidak mempunyai putera.


8).R.Soekari mempunyai istri Soekarmi, berputera 3 orang yaitu,
1.Rr.Winarti, 2.R.Timbul Sudjoko Wahono, 3.R.Suko Wahyudi.

9).R.Soedjatmo, Tidak mempunyai putera (?).

10).R.Soekandar, Tidak mempunyai putera (?).

11).Rr.Soeistilah, Tidak mempunyai putera (?).


Selasa, 15 Januari 2013



Sunan Bayat

Kyai Agêng Pandhanarang Ingkang Ngimpun SOEWIGNJA

PASAREYAN ING TÊMBAYAT

Ing wêwêngkonipun dhusun Têmbayat, dumunung ing sakidulipun kitha Klathèn, udakawis 8 pal wontên makamipun, ingkang dumuginipun dintên punika taksih dipun dhatêngi tiyang saking pundi-pundi prêlu ngalap brêkah dhatêng ingkang sumare ing ngriku. Miturut cariyosipun ngakathah. makam wau pasareyanipun wali mukmin ingkang kasêbut nama Sunan Têmbayat. Nitik kawontênanipun, mèmpêr yèn dados papan pasareyanipun bangsa luhur utawi pêpundhèn. Dunungipun wontên ing gêgumuk sêmpalaning parêdèn Kidul. Saking bakuning dhusun Têmbayat kintên-kintên wontên lampahan satêngah jam. Ing sukuning gêgumuk wau wontên masjidipun sarta inggih wontên pêkênipun. Marginipun minggah dhatêng makam inggih saking pêkên wau. Sakawit lampahipun nglangkungi gapura sela, nama gapura Sêgaramuncar. Gapura wau ing sisih têngên (sisih kilèn) wontên sêratanipun, aksaranipun sampun wontên ingkang ical jalaran gêmpal. Miturut pratelanipun juru kunci, sêratanipun wau ungêlipun: Murti sarira ... jlêking ratu. Tanah parêdèn ing Têmbayat. Kaca 3. Nitik dunung sarta suraosipun, ungêl-ungêlan punika mêsthinipun kapacak kangge nyangkalani adêgipun gapura wau, manawi botên lêpat inggih punika ing taun 1488. Sasampunipun nglangkungi gapura Sêgaramuncar, marginipun dhatêng makam lajêng minggah, ngantos dumugi ing bangsal ingkang kasêbut nama bangsal jawi, inggih punika bangsal papan pakèndêlanipun tiyang jalêr. Ing sacêlakipun bangsal jawi wontên gapuranipun malih, kawastanan gapura Pangrantungan.

[1] Sajawining gapura Pangrantungan wontên padasanipun kangge nyadhiyani tiyang-tiyang ingkang badhe mlêbêt dhatêng pasareyan. Manawi sampun wisuh, sawêg mlêbêt nglangkungi gapura Pangrantungan. Ing salêbêtipun gapura Pangrantungan wontên palataranipun dipun dêgi bangsal, kawastanan bangsal nglêbêt, inggih punika bangsal papan pakèndêlanipun tiyang èstri. Marginipun dhatêng pasareyan salajêngipun taksih nglangkungi gapura tiga, inggih punika gapura Panemut, gapura Pamêncar lan gapura Balekêncur. Saking gapura Balekêncur marginipun anjog ing wêwangunan ingkang maujud kadosdene pandhapi, wiyaripun namung sawatawis mètêr pêsagi, inggih punika prabayêksa (bangsal naga?). Ing ngriku wontên padasanipun, ingkang anèh rupinipun, kawastanan gênthong Kyai Naga. Saking prabayêksa wontên undhak-undhakanipun minggah dhatêng pagêr banon ingkang ngubêngi pasareyan. Manawi sampun nglangkungi gapura ing pagêr wau sarta nglangkungi kontên kalih, sawêg dumugi ing makam. Pasareyanipun Sunan Têmbayat dumunung ing têngah. Salèr wetanipun wontên pasareyanipun kalih, inggih punika pasareyanipun garwanipun Sunan
Têmbayat: Nyai Agêng Kaliwungu lan Nyai Agêng Krakitan. Ing sisih kidul wetan wontên pasareyan sanèsipun. Miturut gotèk, pasareyanipun Nyai Agêng Madalêm, Pangeran Jiwa tuwin para sakabat: Kyai Sèh Sabuk Janur, Kali Dhatuk, Pangeran Winang, Kyai Malanggati, Kyai Banyubiru, Panêmbahan Kabul, Kyai Panêmbahan Masjid Wetan lan Kyai Panêmbahan Sumigit Wetan. Sadaya kawontênan ingkang pinanggih utawi katingal ing salêbêting wêwêngkon sarta ing sakiwa têngênipun makam, ingkang awujud yêyasan tuwin pêpasrèn, salajêngipun wontêning pangrêksa dhatêng yêyasan lan malih kathahing tiyang ingkang sami mrêlokakên dhatêng prêlu ngalap brêkah, lumintu ngantos dumugi ing dintên punika, punika sadaya ambuktèkakên bilih tumraping ngakathah ingkang sumare ing ngriku punika dipun anggêp lêluhur ingkang linangkung cundhuk kalihan wontêning gotèk ingkang nyariyosakên asli tuwin lêlampahanipun Sunan Bayat. II. KYAI AGÊNG PANDHANARANG TILAR KAMUKTÈN Miturut gotèk ingkang sumêbar, lêlampahanipun Sunan Bayat punika kados ingkang kaandharakên ing ngandhap punika. Sadèrèngipun dêdunung wontên ing Têmbayat ngantos madêg wali mukmin, Sunan Bayat punika dados bupati ing Sêmarang, jêjuluk Kyai Agêng Pandhanarang. Nalika taksih wontên ing Sêmarang Kyai Agêng Pandhanarang kacariyos nêngênakên sangêt dhatêng kadonyan, tansah ngudi indhaking donya-brananipun. Anggènipun ngupados indhaking bandha dipun rencangi rêkaos. Mila inggih kêlampahan dados sugih andêrbala. Ewasamantên mêksa botên kêndhat anggènipun nyambut damêl nglêmpakakên bandha. Kacariyos ing Dêmak para wali sami kêmpalan wontên ing mêsjid. Ing ngriku sami nggubêl dhatêng Sunan Kalijaga, kapurih ngadêgakên wali satunggal malih, supados cacahipun jangkêp dados sanga. Sunan Kalijaga mratelakakên, yèn sampun angsal dhèdhèkan namung kantun ngêntosi wancinipun kemawon. Anggènipun mratelakakên makatên wau jalaran Sunan Kalijaga sampun priksa, yèn Kyai Agêng Pandhanarang punika ing têmbe badhe dados tiyang mukmin, sagêd dados wali panutup anggêntosi Sèh Siti Jênar, namung dèrèng kabuka kemawon, taksih kalimput dhatêng kadonyan. Mila saking karsanipun Sunan Kali, Kyai Agêng Pandhanarang badhe kacobi dipun sukani prêlambang supados kagigah manahipun, puruna mrêtobat lan ngrasuka agami Islam. Bibar kêmpalan, Sunan Kalijaga lajêng mendha-mendha tiyang alit, ngrêmbat kambêngan kasade dhatêng Ki Agêng Pandhanarang. Dipun tawèni kambêngan Kyai Agêng Pandhanarang ugi purun numbas, nanging namung mirah-mirahan, inggih punika suku tèng (46 sèn). Kambêngan dipun sukakakên. Sarêng tiyang sade kambêngan kesah, sarta kambêngan kadhudhah, Kyai Agêng Pandhanarang kagèt lan gumun sangêt, jalaran sumêrêp ing salêbêting kambêngan wontên kandêlanipun jêne. Kandêlan inggih lajêng kapêndhêt. Babarpisan botên ngrêtos yèn wontênipun kandêlan ing kambêngan punika pancèn kasêngaja minangka pasêmon. Pikajêngipun pasêmon makatên: mbok inggih ingkang pitados (saking
andêl) kemawon dhatêng kula.
Sawatawis dintên malih Kyai Agêng Pandhanarang nyuruhi bupati pasisir lèr, dipun pamèri griyanipun ingkang mêntas dados sarta kapurih madosi punapa cacadipun. Nalika samantên, Sunan Kalijaga ugi mrêlokakên rawuh, nanging rawuhipun namur kula. Dumugi ing pasamuan, Kyai Agêng Pandhanarang pandung, kinintên bangsanipun tiyang alit kemawon ingkang dhatêng saking kajêngipun piyambak badhe narambul tumut nêdha eca, mila inggih botên dipun panggihi utawi dipun acarani lênggah kados tamu sanèsipun. Sunan Kali tumuntên mêdal saking pandhapi sarta lajêng nyipta agêm-agêman ingkang sarwa endah. Bibar mêngangge lajêng mlêbêt malih ing pandhapi. Tiyangipun Kyai Agêng Pandhanarang sumêrêp tamu mangagêm sarwa sae, enggal lapur dhatêng bêndaranipun. Kyai Agêng Pandhanarang, gita-gita mêthukakên, tamu kaaturan mlêbêt sarta lajêng sinubya-subya. Wontên ing pasamuan ingkang dados rêmbag inggih bab kawontênaning griya kabupatèn, dipun padosi punapa cacadipun. Sunan Kalijaga ugi urun pangandika, mratelakakên bilih yêyasan enggal wau sae, namung kemawon saening yêyasan wau dados jalaranipun tindak ingkang kirang prayogi (nyêmoni Kyai Agêng Pandhanarang anggènipun botên purun manggihi tamu ingkang namur kula mangangge sarwa awon). nanging Kyai Agêng Pandhanarang botên ngrêtos dhatêng suraosing têtêmbungan wau. Sunan Kalijaga lajêng ngandika malih, mêca yèn Kyai Agêng Pandhanarang botên badhe langgêng manggèn wontên ing yêyasan ingkang sarwa brêgas wau. Sasampunipun makatên Sunan Kalijaga ngrucat agêm-agêmanipun ingkang sarwa endah, ngagêm agêm-agêman awon malih, nuntên mêdal kesah saking pasamuan ngriku. Kyai Agêng Pandhanarang mêksa dèrèng sagêd njajagi suraosing pasêmon-pasêmon wau. Sunan Kalijaga cuwa ing galih, ewasamantên inggih botên kêmba anggènipun badhe ngèngêtakên dhatêng Kyai Agêng Pandhanarang. Sanès dintên Sunan Kalijaga tindak namur kula malih, ngagêm-agêm kadosdene tiyang pêpriman, njujug ing kabupatèn. Kala samantên kalêrêsan Kyai Agêng Pandhanarang sawêg ngetang arta wontên ing pandhapi, linggihipun majêng ngalèr. Sang namur lampah nyêlak saking lèr. Dipun uncali benggolan satunggal. Kyai Agêng Pandhanarang lajêng mingêr, linggih majêng mangetan. Ingkang mendha mendha apêpriman malih, dhatêng saking wetan. Dipun sukani kalih sèn. Bibar nyukani, kyai mingêr majêng ngidul, nanging ugi sumêrêp malih dhatêng ingkang pêpriman. Dipun uncali kalihtêngah sèn. Lênggahipun kyai mingêr majêng mangilèn. Sarêng majêng mangilèn mêksa taksih dipun êmisi, lajêng namung nguncali sasèn kalihan ngêdalakên têtêmbungan ingkang nandhakakên muringing manahipun. Ingkang mendha-mendha mangsuli. mratelakakên yèn anggènipun pêpriman punika botên nêdha kadonyan, jalaran dhatêng kadonyan babarpisan botên bêtah. Dene bêtahipun inggih punika suwantêning bêdhug ing Sêmarang. Kyai Agêng Pandhanarang mangsuli bêngis, mratelakakên botên badhe nuruti panêdha ingkang kados makatên wau. Ingkang mendha-mendha lampah gêntos mangsuli: "Sampun makatên kyai. Wontên ing donya kyai botên badhe lami. Ing têmbe mêsthi mantuk dhatêng jaman kalanggêngan. Manawi sangêt-sangêt nêngênakên dhatêng kadonyan, kirang prayogi, nama mangeran dhatêng kadonyan; kadonyanipun dados brahala. Wusana donya-brana wau badhe nêbihakên karahayon lan kasuwargan. Manawi kula babarpisan botên kêpengin sugih, botên pêpengin gadhah rajabrana kathah. Awit bandha kathah punika kajawi ngapintêni lan mêtêngi panggayuh ingkang utami, benjingipun inggih botên badhe tumut dhatêng suwarga. Dados prasasat botên wontên paedahipun. Utawi malih sanadyan kabêkta dhatêng suwarga inggih botên wontên prêlunipun. Amargi ing suwarga botên kirang barang ingkang endah-endah, samukawis ingkang kacipta wontên. Bêbasan tiyang macul sagêclokan sagêd pikantuk jêne saprongkal". Kyai Agêng Pandhanarang mèncêp, wicantên: "Omongmu anggêdêbus, kaya wis wêruh-wêruha ing suwarga. Endi ana wong macul bisa olèh mas prongkolan". Sunan Kalijaga sumambung: "Yèn kyai pancèn rêmên dhatêng kadonyan, sakêdhap kemawon kula sagêd ngawontênakên". Ing ngriku Sunan Kalijaga lajêng nyandhak pacul, kapaculakên ing siti tigang gaclokan, angsal-angsalipun kauncalakên dhatêng pandhapi dhawah ing sangajêngipun Kyai Agêng Pandhanarang. Kyai Agêng Pandhanarang lêngêr-lêngêr, mlongo saking sangêting gumunipun, jalaran ingkang kauncalakên ing pandhapi ngangge pacul wau sanès siti, nanging jêne tigang prongkol. Sakala ngriku lajêng ngrêtos yèn ingkang rupinipun kados tiyang pêpriman punika sajatosipun bangsa linangkung, lan ngrêtos kajêngipun anggènipun wongsal-wangsul dipun cobi sarta dipun pralambangi. Kajawi punika Kyai Agêng Pandhanarang ugi lajêng katarik manahipun badhe nggêguru. Sunan Kalijaga priksa sêmunipun Kyai Agêng Pandhanarang, bingah panggalihipun. Jêne tigang prongkol kawangsulakên ing siti, wangsul dados siti malih. Dene Kyai Agêng Pandhanarang lajêng mêndhak-mêndhak, ngacarani lênggah. Sarêng sampun satata lênggah, Kyai Agêng Pandhanarang matur: "Kyai, sapunika kula sawêg rumaos yèn agêng sangêt kalêpatan kula dhatêng panjênêngan, jalaran saklangkung anggèn kula ngina lan ngrèmèhakên dhatêng panjênêngan. Ingkang makatên wau botên sanès kajawi  jalaran saking anggèn kula kalimput dhatêng bandha, ngantos botên ngrêtos dhatêng panyobi lan pralambang panjênêngan. Mila panyuwun kula panjênêngan karsaa paring pangaksama. Samangke kula pasrah jiwaraga, badhe ndhèrèk sakarsa panjênêngan, sanadyan manggih sakit agêngipun ngantos dumugi ing pêjah, inggih badhe kula têmah. Namung kemawon kaparênga kula nyuwun dipun wêjang sapunika ugi, mumpung taksih wilujêng. Manawi ngêntosi benjing-benjing kuwatos manawi kasêlak pêjah". Sunan Kalijaga mirêng atur makatên wau, mèsêm lajêng ngandika: "Yèn kowe têmên-têmên arêp nggêguru marang aku, ya bakal dakturuti. Mung bae aku njaluk pratandhane kasêtyanmu dhisik. Mungguh sing dadi panjalukku mau ana patang prakara. Kang sapisan wiwit dina iki kowe kudu ngibadah, sarta manèh kudu ngêdêgake iman, nganakake bêdhug lan langgar-langgar apadene ngingu santri kanggo ngeslamake wong Sêmarang. Kaping pindhone kowe kudu jakat samurwate. Awit iku wis dadi wajibe umat Islam. Kaping têlune wajibe wong arêp nggêguru iku, kudu ninggal omahe, nuntumake badhiyan ing omahe gurune. Mula yèn anggonmu arêp nggêguru mantêp têmênan, kowe kudu nusul marang papan padununganku ing Jabalkat". Kyai Agêng Pandhanarang matur: "Jabalkat punika ing pundi dunungipun lan panjênêngan punika sintên?". Sunan Kali mangsuli: "Jabalkat iku prênahe ing tanah Têmbayat. Dene yèn kowe arêp wêruh jênêngku, aku iki Sèh Malaya. Wis karia slamêt. Poma èstokna wêkasku". Bibar ngandika makatên Sunan Kalijaga tindak, sakêdhap sampun ical botên katingal. Kyai Agêng Pandhanarang kantun amlênggong lan gêgêtun ing manah, botên ngintên yèn kadhatêngan wali agêng. Saking adrênging manah, enggal-enggal badhe nusul dhatêng Jabalkat ingkang kapratelakakên wontên ing tanah Têmbayat. Nanging ing sadèrèngipun kangge tandhaning sêtya, inggih badhe nglêksanani sadaya piwêlingipun calon gurunipun. III. WONTÊN ING MARGI Kyai Agêng Pandhanarang lajêng lumêbêt ing griya prêlu rêmbagan kalihan krabatipun. Semahipun sakawan, sadaya sugih-sugih lan anaking tumênggung. Anak putunipun ugi dipun klêmpakakên. Punika sami dipun cariyosi anggènipun badhe maguru anggêgulang ngèlmu. Sêdyanipun badhe kesah piyambak. Semahipun sakawan pisan kapurih kantun, momong anak-putu. Dene wontêning rajabrana tuwin barang sanès-sanèsipun dipun bage-bagea waradin dhatêng anak semah tuwin putu, lan ingkang sabagean kajakatna para miskin tuwin santri ingkang botên gadhah minangka pamituhunipun dhatêng piwêlingipun calon guru. Sasampunipun punika lajêng mranata tuwin pasrah dhatêng para sêpuh utawi tiyang ingkang pinitados kapurih ngrêksa tata têntrêm lan karaharjaning nagari. Sadaya waradin dipun wêlingi piyambak-piyambak sarta dipun pamiti. Ingkang sami dipun pamiti sami anggendholi, nanging wusananipun sadaya inggih namung jumurung. lajêng sami andum wilujêng. Namung semahipun Kyai Agêng Pandhanarang ingkang sêpuh, inggih punika Nyai Agêng Kaliwungu, ingkang nggubêl, botên purun kantun, mêksa badhe tumut lampahipun ingkang jalêr, jalaran ngantêpi anggènipun sampun nunggil kajêng kalihan guru lakinipun. Dipun arih-arih supados kantun, mêksa botên kenging, malah lajêng prasêtya dhatêng Kyai Agêng Pandhanarang,
têmbungipun: "Kyai, parêng botên parêng kula ndhèrèk. Sanadyan ajur luluh, ing donya dumugining dêlahan, sêdya kula namung sagêda nunggil kalihan kyai. Dumugi suwarga utawi naraka kula sampun ngantos pisah kalihan kyai, lêstantuna anggèn kula ngladosi kyai". Kyai agêng dipun prasêtyani makatên wau kakênan manahipun, lajêng
mangsuli" Iya ta, nyai, yèn têmên-têmên   anggonmu arêp ngêtutake
lakuku, ya dak lilani, lêstaria dadi kanthiku. Mung bae wêkasku, yèn kowe arêp mèlu, poma aja anggawa rajabrana, awit iku wis dadi wêwêlinging guru. Kadonyan iku yèn ditêngênake ambêbayani, dadi brahala amêtêngi dalan sing nuju mênyang karahayon lan kasuwargan. Lan manèh kowe kudu salin anggon-anggon, nganggoa sandhangan sarwa putih". Nyai agêng nyagahi lajêng santun pangangge, miturut pakènipun ingkang jalêr. Dene kyai agêng piyambak ugi mangangge sarwa pêthak kalung kêskul lan têkênan êcis. Sarêng sampun mirantos, ingkang badhe kesah pamitan malih dhatêng ingkang badhe katilar. Kajawi punika kyai agêng botên kasupèn wêling malih kathah-kathah, supados ingkang sami kantun rukuna anggènipun sami sadhèrèkan tuwin gêsang sêsarêngan. Sacêkapipun anggènipun pamitan, kyai agêng lan nyai agêng lajêng mangkat. Kyai agêng lampahipun wontên ing ngajêng, nyai agêng ngêtutakên wontên ing wingking kalihan anggendhong anak, inggih punika anak ingkang pawingkingipun kasêbut Pangeran Jiwa. Kajawi anggendhong anak, nyai agêng ugi têkênan wuluh gadhing, ingkang dipun isèni sêsotya lan dinar ngantos kêbak. Saking kajêngipun kangge anjagi kawilujêngan sadangunipun andon lampah, awit tiyang kêkesahan punika kathah-kabêtahanipun. Pambêktanipun dipun atos-atos sampun ngantos kasumêrêpan ing sanès, mênapa malih ingkang jalêr. Nanging sadaya wau Kyai Agêng Pandhanarang sampun mangrêtos. Namung mèndêl kemawon, ethok-ethok botên sumêrêp. Kacariyos kyai agêng lan nyai agêng sampun têbih lampahipun, sampun mêngkêrakên laladan Sêmarang, lajêng ngancik wana trataban têbih padhusunan. Ing ngriku kyai agêng ingkang lumampah ing ngajêng kapêthuk tiyang kalih, bangsaning begal ingkang ngadhang wontên ing margi. Begal ingkang satunggal ngêndhêg lampahipun kyai agêng kalihan
wicantên: E, paman, mandhêg dhisik, aku njaluk olèh-olèhmu". Kyai agêng kèndêl mangsuli: "Aku dhewe ora anggawa apa-apa sing pangaji. Dene yèn kowe padha butuh bandha, kae lo, ing buri, bojoku anggawa têkên wuluh gadhing isi mas intên. Iku rêbutên, isine cukup kok ênggo sênêng-sênêng salawasmu urip. Nanging ya mung ngrêbuta têkêne bae, bojoku lan anakku aja kok kapak-kapakake. Bibar mangsuli makatên, kyai agêng nglajêngakên lampahipun. Begal kalih kantun wontên ing têngah margi, ngêntosi nyai agêng. Sarêng nyai agêng dumugi ing panggenaning begal, begal agahan ngrêbat têkên wuluh gadhing. Têkên tumuntên kasigar dados kalih. Saèstu pinanggih isi sesotya tuwin dinar kathah. Mila begal kalih inggih sami cingkrak-cingkrak saking bingahipun. Nanging lajêng sami ambatos makatên: "Lagi têkêne bae isine samene kèhe, apa manèh sandhangane utawa kandhutane, mêsthine luwih saka iku". Begal kalih lajêng sami nyêlaki nyai agêng, badhe dipun blèjèdi. Nanging sawêg badhe nyêpêng, dumadakan saking karsaning ingkang Maha Kuwaos lajêng kraos lêmês, ical kêkiyatanipun, dhawah nglêmpuruk wontên ing siti. Nalika badhe dipun cêpêng begal wau nyai agêng kagêt lan kumêsar manahipun, lajêng sambat-sambat dhatêng ingkang jalêr: " Nedho tulung Kyai, wonten tiyang salah, tiga !" Inggih punika ingkang dados mulabukanipun panggenan ngriku kasêbut nama Salatiga, mêndhêt saking têtêmbungan "salah" lan "tiga"

[2] Sarêng kalihan sêsambatipun nyai agêng wau, anak ingkang wontên ing gendhongan nangis. Sambat tuwin tangis wau kapirêng dening kyai agêng. Kyai agêng nolèh lajêng wicantên: “ Mau mula aku wis kandha, kowe mung dak lilani ngrêbut têkêne bae, ora kêna ganggu gawe wonge. Lah saiki, ya banjur mêngkono iku jalukanmu, rupamu banjur kaya wêdhus ". Sakala ngriku saking mandining ujaripun kyai agêng, begal ingkang satunggal lajêng malih rupi, rainipun dados rai menda. Dene begal ingkang satunggalipun klèsèdan botên sagêd mênyat, dipun lokakên kyai agêng kados sawêr, wusana rainipun ugi malih dados rai sawêr. Begal kalih lajêng sami nêdha ngapuntên lan pasrah pêjah gêsang dhatêng kyai agêng. Dene kyai agêng piyambak panggalihipun ugi gêgêtun, dene ujaripun têka katêmahan. Begal kalih lajêng kapurih narimah sarta kapurih pitados dhatêng Pangeran, mbokmanawi ing têmbe sagêd pikantuk pangapuntên. Salajêngipun lajêng sami dados sakabatipun kyai agêng, kanamakakên Sèh Domba lan Sèh Kèwèl. Kyai agêng nglajêngakên lampahipun kalihan ingkang èstri, Sèh Domba lan Sèh Kèwèl botên kantun. Sarêng dumugi panggenan ingkang sapunika nama Bayalali, nyai agêng kantun malih. Mangka lampahipun rêkaos. Kabêkta manah jinja, ngantos kawêdal pasambatipun makatên: "Kyai, baya wis lali, têka ninggal bae". Inggih punika mulabukanipun panggenan ngriku lajêng kawastanan Bayalali. IV. WONTÊN ING WÊDHI Dangu-dangu lampahipun kyai agêng dumugi ing dhusun ingkang dumunung ing satêngah-têngahing margi saantawisipun Klathèn lan Têmbayat. Wontên ing ngriku kèndêl. Kyai agêng lajêng ngawula dhatêng tiyang èstri ingkang padamêlanipun sade sêkul, nama mbok Tasik. Dene Sèh Domba lan Sèh Kèwèl kapurih nglajêngakên lampah mrêtapa wontên ing rêdi. Sadangunipun ngawula mbok Tasik wau kyai agêng ngrangkêp dados mrêbot masjid dhusun ngriku lan santun nama Gus Slamêt. Kacariyos mbok Tasik sarêng dipun tumuti Gus Slamêt, anggènipun pados panggêsangan gangsar. Sadeanipun kathah pêpajênganipun lan inggih kathah bathinipun, beda kalihan nalika dèrèng dipun tumuti Gus Slamêt. Jalaran saking anggènipun ngladosi mbok Tasik ngrangkêp dados mrêbot ing masjid wau, Gus Slamêt kathah padamêlanipun. Kala-kala sok kèthèr botên sagêt nyêkapi sadayanipun. Nuju satunggaling dintên Gus Slamêt wontên ing griyanipun mbok Tasik dipun pasrahi padamêlan langkung tinimbang adat sabên. Wusana padamêlan ing mêsjid kèthèr. Nalika tiyang-tiyang dhatêng badhe sêmbahyang, padasanipun taksih kothong, jalaran dèrèng dipun isèni dening mrêbotipun. Wasana lajêng sami muring-muring. Ingkang dipun uring-uring botên sanès inggih Gus Slamêt. Gus Slamêt enggal-enggal tumandang. Saking kasêsanipun anggènipun ngangsu pancènipun ngangge timba klèntu ngangge kranjang. Nanging saking karsanipun ingkang Maha Kuwaos, kranjang wau dipun isèni toya botên kècèr. Mila sakêdhap kemawon padasanipun kêbak mêncêp-mêncêp. Wiwit dintên punika Gus Slamêt dipun ajrihi dhatêng para punggawa masjid. Sanès dintên malih mbok Tasik badhe adang sampun kêtêlasan uwos, mangka kala samantên sampun jam sakawan enjing. Gus Slamêt lajêng dipun kèn adhang-adhang wontên ing margi, mbokmanawi wontên tiyang sade wos langkung. Botên watawis dangu saèstu wontên tiyang jalêr langkung nyunggi bagor isi wos badhe kasade dhatêng pêkên. Gus Slamêt takèn: "Kang, sampeyan mbêkta napa niku? Nèk mbêkta wos mang kèndêl, kula tumbase. Ingkang nyunggi wos botên purun kèndêl, kirang têrang ajrih manawi dipun damêl awon dhatêng ingkang ngêndhêgakên, kirang têrang pancèn gadhah niyat wosipun badhe kasade wontên ing pêkên kemawon supados langkung kathah pêpajênganipun. Wusana lajêng mangsuli makatên: "Kula botên mbêkta wos, sing kula sunggi niki wêdhi". Anggènipun mangsuli makatên wau kalihan anglajêngakên lampah. Sarêng dumugi ing pêkên, wos kasuntak, pijambakipun anjumbul, jalaran bagoripun botên isi wos, nanging isi wêdhi. Wiwit punika dhusun ngriku lajêng kanamakakên Wêdhi, lêstantun dumugi sapriki. Wontên kaelokan malih, satunggaling dintên mbok Tasik badhe adang, nanging katêlasan kajêng. Gus Slamêt dipun srêngêni, têmbungipun: "E lah sêmbrana kowe ki, wong wêruh ora ana kayu kok lênguk-lênguk bae. Apa mêngko yèn adang sing diênggo kayu cokormu!". Dipun srêngêni makatên wau Gus Slamêt mèndêl kemawon, kapêksa narimah, mupus jalaran ngrumaosi anggènipun sawêg cinobi, kêdah sagêd mêkak manahipun piyambak. Sarêng mbok Tasik mêngkêr, saking lêga rilaning manahipun, Gus Slamêt sumlonong, tanganipun kalih pisan dipun lêbêtakên dhatêng pawon, wusana kumrètèg murub kados kajêng dang. Mbok Tasik mirêng suwantêning latu, lajêng nginjên saking sênthongipun, wusana lajêng sumêrêp yèn ingkang murub wontên ing pawon punika sanès kajêng dang, nanging tanganipun Gus Slamêt. Sakala ngriku lajêng kados dipun osikakên, ngrêtos yèn Gus Slamêt punika sanès tiyang sêmbarangan. Wiwit punika mbok Tasik lajêng santun panganggêp, ajrih dhatêng Gus Slamêt. Kajawi punika ugi kêduwung, anggènipun sok srêngên utawi nyawiyah dhatêng Gus Slamêt. Lajêng nêdha pangapuntên. Botên watawis dangu jalaran saking tundha-tumundhaning cêcriyosan, tiyang sakubênging dhusun Wêdhi, sami ngrêtos manawi Gus Slamêt sok mêdal kramatipun. Awit saking punika Gus Slamêt lajêng botên kraos manggèn wontên ing Wêdhi. Kajawi punika kala samantên inggih sampun andungkap wancinipun kyai agêng badhe tampi wahyu widayat. Mila lajêng kesah saking ngriku, anak semahipun dipun jak. Makatên ugi sakabatipun Sèh Domba lan Sèh Kèwèl ingkang sami mrêtapa inggih sami dipun ampiri. Dene sêdyaning lampah badhe dhatêng Jabalkat. V. WONTÊN ING TÊMBAYAT NGANTOS JUMÊNÊNG WALI Kacariyos sarêng lampahipun dumugi ing rêdi Kucur, anakipun kyai agêng nangis, jalaran sampun dangu botên ngombe. Anggènipun nangis kalihan tanganipun nggrauti siti. Kyai agêng alok: "Dene kowe têka nangis, kuwi tanganmu rak ngêruki banyu". Saking kramatipun kyai agêng, sakala ngriku lajêng wontên toya mudal saking siti, sarta salajêngipun panggenan ngriku wontên tukipun. Saking rêdi Kucur lampahipun Kyai Agêng Pandhanarang, lajêng dumugi ing Jabalkat.

[3] Ing ngriku kyai agêng lajêng yasa griya lan masjid sacêkapipun sarta botên dangu papan wau lajêng kadhatêngan tiyang saking pundi-pundi panggenan, wontên ingkang cêlak wontên ingkang têbih, saking Sêmarang lan saking tanah wetan ingkang waunipun dados rerehanipun kraton Majapait. Dene dhatêngipun tiyang-tiyang wau botên sanès namung badhe maguru dhatêng kyai agêng. Mila muridipun kyai agêng saya dangu inggih saya kathah. Kajawi punika kyai agêng ugi kalampahan sagêd ngislamakên para ajar ing sakiwa-têngênipun laladan ngriku ingkang taksih sami angluhurakên agami lami. Wontên ingkang cariyos, bilih kyai agêng anggènipun sagêd ngeslamakên para ajar ing ngriku punika jalaran saking anggènipun emah-emah malih pikantuk pawèstri saking tanah ngriku ingkang nama Nyi Endhang. Nyi Endhang punika waunipun tansah dados rêbatanipun para ajar. Saking botên bêtahipun lajêng pados pangungsèn dhatêng papan padununganipun kyai agêng, wusana lajêng kapêndhêt semah dhatêng kyai agêng piyambak. Salajêngipun Nyi Endhang wau misuwur nama Nyai Agêng Krakitan. sarêng sampun mêndhêt semah Nyai Agêng Krakitan, kyai agêng lajêng sagêd ngeslamakên para ajar, kadosta ajar Menak Bawa, Bandar Alim, Ki Malanggati lan sanès-sanèsipun. Nanging nalika punika ugi taksih wontên ajar ingkang wangkot, botên purun ngrasuk agami enggal. Tekadipun, botên purun ngrasuk agami enggal manawi dèrèng sumêrêp buktinipun bilih agami enggal wau langkung unggul tinimbang agami lami Ajar wau wontên ingkang nama Prawirasakti, dêdunung wontên ing rêdi Gambar (dumunung wontên ing sakidul wêtanipun Têmbayat). Kyai Agêng Pandhanarang wongsal-wangsul kengkenan muridipun dhatêng rêdi Gambar prêlu ngeslamakên Ajar Prawirasakti. Nanging kengkenanipun botên wontên ingkang sagêd angsal damêl. Malah satunggal kemawon botên wontên ingkang sagêd nginggahi rêdi Gambar. Awit sabên badhe minggah, lajêng wontên lesus dhatêng dadakan nêmpuh dhatêng kengkenanipun kyai agêng, wusana kengkenan wau kontal dumugi ing ngajêngipun kyai agêng malih. Wondene lesus wau miturut gotèk inggih saking pandamêlipun Ajar Prawirasakti. Kyai agêng bêntèr manahipun, Ajar Prawirasakti badhe dipun dhatêngi piyambak. Kalampahan kyai agêng mangkat dhatêng rêdi Gambar. Nalika badhe minggah Ajar Prawirasakti lajêng angglundhungakên sela agêng-agêng saking nginggil. Nanging sela wau sabên badhe ngglundhungi kyai agêng, katampèn ngangge gamparanipun lajêng sami kèndêl. Makatên wau botên kèndêl-kèndêl ngantos dumugi nginggil. Wusana kèndêling sela kados dipun tata, saking ngandhap manginggil. Ngantos sapriki sela wau taksih wontên kanamakakên sela andha. Sarêng sampun dumugi nginggil, Kyai Agêng Pandhanarang lajêng kapanggih kalihan Ajar Prawirasakti. Ajar Prawirasakti kapurih ngrasuk agami Islam, wangsulanipun songol ngungkak krama makatên: "Gêlêm aku ngidhêp marang agama anyar, yèn kowe bisa ngalahake kabisanku". Kyai agêng sumambung: "Lah, kabisanmu apa?" "Dêlêngên iki, aku duwe dara. Yèn iki dak culake mangka kowe bisa nututi, aku gêlêm nungkul marang kowe". "Iya mara culna daramu, mêngko dak tututane." Ajar Prawirasakti lajêng ngêculakên daranipun, ingkang lajêng mabur muluk, botên katingal. Kyai agêng sumêrêp kêplasing ibêripun dara babarpisan botên ngêdhap utawi gumun. Enggal nyandhak gamparanipun kauncalakên kapurih nututi pêksi dara. Botên dangu pêksi dara lan gamparan mandhap, pêksinipun sampun pêjah. Ajar Prawirasakti gumun, nanging dèrèng purun nungkul. Lajêng nantang malih: Saiki gênti kêthuku iki, dak uncalne mandhuwur, tututana". Kyai agêng nyagahi. Kêthu kauncalakên, inggih lajêng botên katingal. Nuntên kyai agêng nyandhak gamparan satunggalipun, kauncalakên kapurih nututi kêthu. Sakêdhap kêthu lan gamparan dhawah mangandhap, kêthu katumpangan gamparan. Ajar Prawirasakti mêksa dèrèng purun nungkul. Taksih nantang malih,
têmbungipun: "Aku mêksa durung gêlêm nungkul. Coba saiki aku dak umpêtan, golèkana". Kyai agêng nyagahi malih. Sakala ngriku Ajar Prawirasakti lajêng ngical, ndêlik wontên ing sangandhaping sela agêng. Saking pangintênipun, kyai agêng mêsthi botên badhe sagêd madosi. Nanging mak grewal, sela ingkang kangge aling-aling kabrengkal, wusana Ajar Prawirasakti lajêng katingal malih. Panggenan ingkang kangge umpêtan wau lajêng growong, dumugi sapriki taksih katingal kados guwa. Ajar Prawirasakti taksih nantang malih, têmbungipun: "Mara saiki gênti kowe umpêtana, aku sing nggolèki". Kyai agêng mangsuli: "Iya, dak turuti sakarêpmu. Wis ping têlu kowe kalah ngadu kapintêran. Mêksa durung trima kalah. Ganêpe ping pat yèn kowe ora gêlêm nungkul, aja takon dosa, mêsthi dak sirnakake kowe. Mara saiki aku gênti dak ndhêlik, golèkana". Sakala ngriku kyai agêng lajêng angical, botên kantênan dhatêng pundi purugipun. Ajar Prawirasakti madosi, dangu botên kêpanggih. Wusana lajêng trimah kawon, nungkul, sagah ngrasuk agami Islam. Kyai agêng lajêng mêncungul kalihan mêlèhakên: "Ora sêmbada umukmu. Dene aku ndhêlik cêdhak-cêdhakan bae ora bisa anggolèki. Kowe ora wêruh lan ora krasa yèn aku umpêtan ana ing antarane alismu". Salajêngipun rêmbagipun Kyai Agêng Pandhanarang lan Ajar Prawirasakti botên kacariyosakên, cêkakipun Ajar Prawirasakti rumaos botên sagêd nyamèni utawi ngawonakên Kyai Agêng Pandhanarang, lajêng nungkul mlêbêt agami Islam. Bibar nêlukakên Ajar Prawirasakti, Kyai Agêng Pandhanarang lajêng gêntos nêlukakên ajar sanès-sanèsipun ingkang ugi mbangkang botên badhe purun ngidhêp agami Islam, inggih punika ajar ingkang nama Kyai Agêng Majasta, dêdunung wontên ing dhusun Majasta ing salèr wetanipun dhusun Têmbayat. Sadèrèngipun kaislamakên Kyai Agêng Majasta misuwur brangasanipun tuwin kêndêl. Samangsa wontên ingkang purun ngrisak têgil utawi sabinipun, kewan utawi manungsa mêsthi dipun pêjahi. Anuju satunggiling dintên Kyai Agêng Majasta wau sawêg ngaso mêntas ndandosi galênganipun, dipun inggilakên lan dipun damêl waradin. Dumadakan lajêng sumêrêp wontên tiyang langkung ing galêngan ingkang mêntas dipun dandosi wau. Mênggah ingkang langkung ing galêngan wau botên sanès kajawi Kyai Agêng Pandhanarang, badhe dhatêng ing dhusun Majasta prêlu badhe ngislamakên Kyai Agêng Majasta. Sumêrêp galênganipun dipun langkungi tiyang, Kyai Agêng Majasta sakala muntab nêpsunipun. Lajêng nyêlaki kalihan ambêkta tumbak. Sarêng tumbakipun badhe dipun tamakakên, Kyai Agêng Pandhanarang mênggak, wicantên sarèh: "Mêngko ta dhisik,

[4] sing sabar. Aja grusa-grusu arêp gawe tiwase uwong. Apa salahku dene arêp kok tumbak?" Kyai Agêng Majasta kèndêl kalihan mangsuli: "Andadak nganggo takon salahe barang! Apa kowe ora rumangsa jag-jagan ngidak-idak galênganku sing mêntas dak dandani iki!". Kyai Agêng Pandhanarang gêntos mangsuli: "O, mêngkono ta. Ning coba dêlokên dhisik sing cêtha. Yèn nyata galênganmu ana sing rusak, jalaran saka dak liwati, aku gêlêm kok tumbak." Kyai Agêng Majasta lajêng ningali galêngan ingkang mêntas dipun langkungi Kyai Agêng Pandhanarang. Sangêt gumunipun dene galêngan wau taksih wêtah, botên wontên ingkang risak sakêdhik-kêdhika, dalasan tilas tapaking suku kemawon ugi botên katingal. Wusana Kyai Agêng Majasta lajêng ajrih dhatêng Kyai Agêng Pandhanarang sarta purun nungkul dipun Islamakên. Ing salajêngipun cacahing tiyang ingkang sami dhatêng ing Jabalkat nêdha dipun Islamakên mindhak kathah. Kyai Agêng Pandhanarang sampun sampurna anggènipun ngudi dhatêng agami wau. Nglêrêsi dintên Jumuwah Kliwon tanggal kaping 27 wulan Ruwah, Kyai Agêng Pandhanarang pikantuk nugrahaning Pangeran nampi wahyu widayat, madêg dados wali. Wiwit kala punika Kyai Agêng Pandhanarang lajêng kasêbut nama Sunan Bayat. VI. SASAMPUNIPUN JUMÊNÊNG WALI NGANTOS SEDA Wancinipun surya sampun badhe sêrap. Sunan Bayat mlêbêt masjid lajêng adan ngajêngakên salat magrib. Kacariyos nalika adan wau suwaranipun kapirêng Sunan Dêmak. Sunan Dêmak alok makatên: "Wong lagi bae anggone dadi wali, têka wis umuk Sunan Bayat iki. Anggone yasa masjid mêthangkrong ana ing gunung anggone adan disêrokake. Lampune mêncorong amblêrêngi. Iku kabèh kudu enggal dimarèni." Sunan Bayat mirêng dipun lokakên makatên wau, ngrumaosi kalêpatanipun. Lajêng prentah dhatêng sakabatipun sakawan ingkang pinitados, inggih punika: Kyai Gagakdhoka, Kyai Dakawana,

[5] Sèh Domba lan Kyai Kèwèl, kapurih ngêdhakakên masjid. Sakabat sakawan ngèstokakên, masjid kaêdhakakên sarana kasèrèd, sakêdhap dumugi ngandhap, botên wontên ingkang risak utawi mèncèng. Samangke masjid wau taksih ngadêg wontên ing dhusun Têmbayat kasêbut nama Masjid Gala. Anèhipun, masjid wau kenging kangge sêmbahyang Jumuwahan cêkap namung tiyang sakawan, mangka yèn masjid sanès-sanèsipun manawi sêmbahyang Jumuwahan sakêdhik-sakêdhikipun kêdah wontên tiyang kawandasa. Ingkang makatên punika botên sanès kajawi namung naluri lêluhur ing Têmbayat. Jamanipun Sunan Têmbayat salat Jumuwahan wontên ing Masjid Gala punika namung kalihan sakabat sakawan. Nglajêngakên cariyosipun Sunan Bayat. Gêsangipun kalihan para sakabat lan murid-muridipun wontên ing Têmbayat têntrêm, têbih saking panggenan ingkang kala samantên tansah mêmêngsahan rêbat panguwaos lan sanès-sanèsipun. Kacariyos ing satunggiling dintên Sunan Kalijaga mrêlokakên tuwi dhatêng Têmbayat. Kalêrêsan kala samantên Sèh Domba lan Kyai Kèwèl sawêg sami nyambut damêl, ngisèni padasan, nanging sami kasupèn nyumpêli cucuking padasan, mila toyanipun têlas-têlas kemawon, mangka pamêndhêtipun toya radi têbih, botên wontên ing sacêlakipun padasan. Ingkang makatên wau Sunan Kalijaga uninga. Ingkang sami ngangsu lajêng dipun aruh-aruhi, kadhawuhan nyumpêli padasan. Sarêng sampun dipun sumpêli, padasanipun sakêdhap kemawon inggih lajêng kêbak, malah ngantos lubèr. Jalaran saking punika ngantos dumugi sapriki manawi nuju mangsa katiga, dangu botên jawah, padasan wau dipun isèni ngantos lubèr. Saking kapitadosanipun tiyang-tiyang ing ngriku, manawi padasan wau sampun dipun isèni lubèr, têmtu lajêng enggal wontên jawah. Kajawi saking punika toya saking padasan wau ugi sok dipun ombe tiyang, dipun alap bêrkahipun, samantên punika manawi anggènipun ngombe botên ngangge wadhah damêlan nagari Eropah, nanging ngangge ron pisang kemawon. Nglajêngakên cariyos malih. Nalika Sunan Kalijaga martuwi Sunan Bayat wau ugi lajêng priksa rupinipun Sèh Domba lan Kyai Kèwèl, nuntên andangu dhatêng Sunan Bayat: "Sakabatmu loro iku apa pancèn wêdhus lan ula, apa manungsa?" Sunan Bayat mangsuli: "Sajatosipun inggih manungsa". Sakèndêling wangsulan wau Sèh Domba lan Kyai Kèwèl kados kinarsakakên Pangeran, sakala waluya jati, ical sipating menda lan sawêr, wangsul arupi manungsa malih. Mila tiyang kalih wau saya mantêp anggènipun sami ngawula dhatêng Sunan Bayat, lêstantun ngantos dumugi pêjahipun.

[6] Kacariyos malih salèr wetanipun rêdi Jabalkat wontên rêdi nama rêdi Malang. Punika langkung inggil tinimbang lan rêdi Jabalkat lan malih langkung wiyar, tumrap para tiyang ingkang dhatêng saking wetan badhe dhatêng rêdi Jabalkat amakèwêdi, mila saking kajêngipun Sunan Bayat, pucaking rêdi Malang wau badhe dipun papral, papralanipun badhe kaêdhakakên wontên ing pèrènging rêdi Jabalkat. Ingkang makatên wau ugi dipun lêksanani, mila sapunikanipun rêdi Malang punika langkung andhap tinimbang nalika jaman samantên. Sunan Bayat anggènipun madêg wali wontên 25 taun. Dintên Jumuwah Kliwon tanggal kaping 27 wulan Ruwah seda. Layon kasarèkakên wontên ing pucaking rêdi ingkang kacariyosakên papralanipun rêdi Malang, dumunung wontên ing pèrènging rêdi Jabalkat. Ing rêdi Malang wontên pasareyan sanès. Ingkang sumare wontên ing ngriku Pangeran Ragil, wayahipun Sunan Bayat. Para sakabat tuwin muridipun Sunan Bayat ingkang pêjah ngrumiyini wontên ingkang nama Japrusa, punika pêjahipun mrayangan. Saking botên bêtahipun ngraosakên pêjah botên sampurna, bêbasan satêngah pêjah satêngah gêsang, ngumbara dados lêlêmbat, lajêng sowan Sunan Bayat, nyuwun dipun tulungi supados pêjahipun sagêd sampurna. Sunan Bayat mangsuli bilih anggènipun pêjah mrayangan wau sampun pinasthi jalaran saking karsanipun ingkang Maha Kawasa. Nanging mêksa badhe kapitulungan supados sampun ngantos sangêt-sangêt anggènipun ngraosakên sangsaranipun, inggih punika badhe kaudi ing sasagêd-sagêdipun, supados tiyang sanès ingkang babag kawruhipun kalihan Japrusa lan malih waunipun sami sêsrawungan kalihan piyambakipun sagêda nunggil kawontênan pêjah mrayangan dados kancanipun Japrusa. Kêlampahan Japrusa pikantuk kanca inggih punika Sèh Sabukjanur, Kyai Malanggati sarta Kyai lan Nyai Gadhungmlati. Sadaya wau sami kabageyan mbaurêksa papan piyambak-piyambak inggih
punika: Sèh Sabukjanur mbaurêksa ing rêdi Jabalkat, Kyai Malanggati mbaurêksa ing papan panggenaning kuburanipun Japrusa ing rêdi Ngadan, sarta Kyai lan Nyai Gadhungmlati ing tuk Taman. VII. ASAL-USULIPUN SUNAN TÊMBAYAT Samantên cariyos lêlampahanipun Sunan Bayat, wiwit dados bupati wontên ing Semarang ngantos dumuginipun wangsul dhatêng jaman kalanggêngan. Asal-usul lan lêlampahan sadèrèngipun madêg bupati dèrèng kacariyos. Sapunika badhe kacariyosakên. nanging wontêning gotèk lan sêrat-sêrat ingkang nyariyosakên bab wau satunggal lan satunggalipun botên cocog, beda-beda suraosipun. Kangge nyêkapi dêdongengan sadaya wau badhe kacariyosakên, nanging inggih namung badhe kapêndhêt saprêlunipun kemawon. Pundi ingkang lêrês utawi pundi ingkang lêpat, punika kasumanggakakên dhatêng para maos anggènipun manggalih. Sawênèhing gotèk ing bab punika nyariyosakên makatên: Sabêdhahipun nagari Majapait jalaran tinêmpuh dening tiyang ingkang sami ngrasuk agami Islam, Sang Prabu Brawijaya ingkang wekasan jêngkar sêsidhêman, namung kadhèrèkakên abdi kêkalih ingkang awasta Sabdapalon lan Pak Mêlik alias Nayagènggong. Tindakipun mangidul. Sarêng dumugi ing dhusun Sawêr sang nata kapêthuk kalihan Sunan Kalijaga. Sunan Kalijaga mitêrang punapa ingkang dados krêsanipun sang nata dene karaya-raya tindak têbih-têbih. Wangsulanipun sang nata badhe makahyangan nunggil kalihan para lêluhuripun, kêmpal kalihan Ratu Kidul ingkang kala samantên jêjuluk Dèwi Wilutama. Ing ngriku tilas nata lan Sunan Kalijaga lajêng sami sarasehan, ngrêmbag bab warni-warni ingkang gaib-gaib. Pungkasaning sarasehan, botên wontên ingkang kawon lan botên wontên ingkang mênang. Wasana Sabdapalon lan Nayagènggong lajêng sami nyêlani rêmbag, mratelakakên bilih rêmbag-rêmbag wau sami dene lêrêsipun, nanging sarèhning Sunan Kalijaga punika sampun nglênggahi jaman enggal, anggènipun mastani bab ingkang dados rêmbag botên sami kalihan sang tilas nata, ingkang sajatosipun pikajênganipun sami kemawon. Wusana sang tilas nata lajêng ngawon, sumarah badhe miturut punapa ingkang dados kajêngipun Sunan Kalijaga. Sunan Kalijaga mrayogèkakên supados sang tilas nata madêg bupati wontên ing Sêmarang sarta santun asma jêjuluk Kyai Agêng Pandhanarang. Sabdapalon nyuwun priksa punapa ingkang dados krêsanipun Sunan Kalijaga mrayogèkakên makatên wau. Wosing pitakènipun nyuwun priksa kadospundi badhe kadadosaning lêlampahanipun sang tilas nata, ing têmbe sagêd madêg nata malih punapa botên. Wangsulanipun Sunan Kalijaga namung badhe ngangkah supados sang tilas nata ing têmbe sagêda dados wali panutup, anggêntosi Sèh Siti Jênar. Sang tilas nata nglajêngakên lampah miturut pamrayoginipun Sunan Kalijaga. Kêlampahan dumugi ing Sêmarang, madêg dados bupati asma Kyai Agêng Pandhanarang. Dados miturut gotèk wau, Kyai Agêng Pandhanarang punika inggih tilas nata ing Majapait, Prabu Brawijaya ingkang wêkasan. VIII. ASAL-USULIPUN SUNAN TÊMBAYAT MITURUT SÊRAT KANDHA Nanging manawi miturut Sêrat Kandha (handschrift Djawi Bataviaasch Genootschap nomêr 7) ingkang madêg dados bupati wontên ing Sêmarang sarta kasêbut nama Ki Pandhanarang punika Radèn Made Pandhan, putra Radèn Sabrangwetan, wayah nata ing Bintara. Ing Sêrat Kandha wau kacariyosakên makatên: Radèn Made Pandhan tampi dhawuh saking Sunan Bonang mbukak siti ing Tirangampèr sarta angislamakên para ajar ing sakiwa-têngênipun tanah ngriku ingkang taksih sami mbangkang dèrèng purun ngrasuk agami enggal. Radèn Made Pandhan nyagahi. Sarêng sampun manggèn ing pulo Tirang kasuwuripun nama Ki Pandhanarang sarta dipun dhatêngi tiyang ingkang sami badhe maguru, saya dangu saya kathah. Kacariyos wontên ajar nama Citragati, dêdunung ing Sêjanila. Punika gadhah rencang èstri, taksih prawan tur sae rupinipun. Ajar Citragati kasêngsêm melik dhatêng rêncangipun wau. Nanging rencangipun botên purun nanggapi, malah lajêng kesah badhe nêdha tulung dhatêng ajar sanès. Sabên dumugi ing panggenanipun ajar, lampahipun dipun cariyosakên, makatên ugi panêdhanipun pitulungan supados dipun ayomi. Nanging ajar ingkang dipun têdhani tulung wau sami ajrih dhatêng Ajar Citragati, awit Ajar Citragati wau kaanggêp dados têtungguling para ajar. Mila wangsulanipun botên sagêd suka pangayoman. Dangu-dangu lampahipun rencang wau dumugi ing panggenanipun Ajar Pragota. (Prawan wau anggènipun mubêng-mubêng pados pangayoman kalihan mbêkta lumpang, prêlunipun mbêkta lumpang wau badhe kacariyosakên ing ngandhap). Lajêng ngandharakên prêluning lampahipun kados ingkang sampun-sampun. Ajar Pragota mangsuli: "Aja dadi atimu, prakara iku aku ora bisa awèh pitulungan, jalaran aku ora kêconggah. Coba ing Tirangampèr wetan kene ana guru agama anyar, kasêbut aran Ki Pandhanarang. Wonge isih nom, bagus rupane tur isih darahing ratu. Iku saka pangiraku mêsthi gêlêm ngayomi marang kowe. Mula bêcike kowe golèka pangungsèn marang Tirangampèr bae. Mung bae kowe iya kudu mlêbu agama anyar". Pun kênya ngèstokakên pamrayoginipun Ajar Pragota wau, lajêng nglajêngakên lampahipun mangetan, badhe nêdha pangayoman dhatêng Ki Pandhanarang. Lumpang dipun bêkta. Lumpang wau lumpang sela. Dene anggènipun dipun bêkta, kangge pratandha. Samangsa piyambakipun sampun botên kuwawi ngangkat, punika dados pratandha yèn para ajar ing parêdèn sakiwa-têngênipun ngriku badhe ngrasuk agami Islam sadaya. Sarêng lampahipun kênya wau dumugi Tirangampèr, lumpangipun kraos awrat, kaongkèk-ongkèk botên kangkat. Pun kênya ngrêtos, manawi guru agami ingkang manggèn ing Tirangampèr ngriku lan misuwur nama Ki Pandhanarang punika agêng panguwaosipun, mila èstu badhe dipun têdhani pangayoman. Kala samantên Ki Pandhanarang sawêg lênggah kinêpang dening para muridipun. Sarêng sumêrêp wontên tiyang èstri taksih nèm dhatêng, lajêng dipun takèni kanthi ngatingalakên ulat sumèh, punapa ingkang dados prêlunipun. Ingkang dipun takèni mangsuli: "Sowan kula mriki punika manawi kaparêng badhe nyuwun sih pitulungan panjênêngan". Têrus lajêng nyariyosakên lêlampahanipun. Ki Pandhanarang mangsuli: Iya ta, yèn kowe têmên-têmên arêp njaluk pangayoman marang aku, iya tak ayomi. Mung bae aku duwe panjaluk marang kowe. Kowe ngrasuka agamaku, ya iku agama Islam. Gêlêm apa ora kowe nglakoni?" Prawan rèhning sampun dipun sukani sasmita dening lumpang, mangsuli: "Kula ndèrèk". Ki Pandhanarang bingah manahipun. Prawan tumuntên dipun wucal maos sahadat ngantos apil. Sarêng sampun apil lajêng dipun prentah makatên: "Saiki kowe arêp dak pasrahi pagawean, dak kongkon ngislamake para ajar. Bisane klakon kowe kudu ngubêngi Jurangsuru lan Lêbuapi. Dene lakumu murih prayogane turuta pagunungan iki mêtu brang kulon, aja nganti ana sing kliwatan. Têkênku iki gawanên, nggonên liwat sêgara. Mudhuna saka kene bae. Ingkang tampi prentah nyagahi. Wangsulanipun, sanajan toh nyawa inggih badhe dipun lampahi. Sasampunipun pamitan, nyandhak têkên lajêng mangkat nyabrang sagantên. Sanadyan mêdal sagantên lampahipun inggih sakeca. Awit panggenan ingkang kadhawahan têkên, sadaya kemawon lajêng dados cèthèk sami sanalika. Lampahipun sakawit mangalèr, lajêng mangilèn kalihan gumun, jalaran sumêrêp yèn panggenan ingkang dipun langkungi sami asat. Jalaran saking punika manahipun saya tatag, lan mantêp anggènipun badhe nglêksanani pakènipun Ki Pandhanarang. Sarêng lampahipun nglangkungi Dêrana lajêng dipun tut wingking dening ajar ingkang dêdunung ing ngriku inggih punika Ajar Citrakokoh. Punika sumêrêp kaelokan bab malihipun sagantên dados siti dharatan sangêt gumun, wusana lajêng kêpengin sumêrêp sintên gurunipun tiyang èstri neneman wau. Salajêngipun lampahing kèngkènanipun Ki Pandhanarang nglangkungi Jurangsuru, Lêbuapi, Wotgalih, Guwasalèh, Brintik, Pragota, Tinjomaya lan Gajahmungkur, ngantos dumugi tapêl watêsipun Sêjanila. Sadaya ajar ingkang sami dêdunung ing panggenan-panggenan wau sarêng sami nyumêrêpi wontêning kaelokan kasêbut nginggil, inggih lajêng tut wingking lampahipun kèngkènan, prêlu badhe pinanggih kalihan Ki Pandhanarang. Sarêng tiyang-tiyang wau dumugi ing Sêjanila, Ajar Citragati cingak. Lajêng pitakèn punapa prêlunipun sami gumrudug mlampah sêsarêngan. Ajar Citragati nuntên dipun cariyosi wontêning kaelokan, lan dipun sanjangi punapa ingkang dados pikajênganipun ajar-ajar wau. Wusana ugi kêtarik manahipun kapengin badhe manggihi Ki Pandhanarang, malah sanjang badhe nyobi kalangkunganipun Ki Pandhanarang, manawi kawon, Ajar Citragati badhe nungkul ngrasuk agami Islam. Dangu-dangu para ajar inggih lajêng dumugi ing papan padununganipun Ki Pandhanarang ing Tirangampèr. Sadhatêngipun ing ngriku katampi kalihan sae dening Ki Pandhanarang. Ing ngriku para ajar lajêng sami pratela yèn badhe ngrasuk agami Islam. Namung Ajar Citragati ingkang taksih dèrèng purun, dèrèng pitados dhatêng kalangkunganipun Ki Pandhanarang. Mila lajêng nantang dhatêng Ki Pandhanarang, dipun jak ngabên kasagêdan. Ki Pandhanarang purun. Ajar Citragati nuntên nyandhak kudhinipun kalihan wicantên: "Iki lo kudhi, dak uncalake mêndhuwur, tututana. Yèn bisa nututi aku gêlêm nungkul". Ki Pandhanarang mangsuli: "Yèn Allah pancèn ngarsakakê, mêsthi bakal kêcêkêl kudhimu. Coba uncalna!" Kudhi kauncalakên manginggil dening Ajar Citragati, anggêblas kados pêksi. Ki Pandhanarang nuntên nyandhak aritipun, inggih kauncalakên manginggil. Lampahing arit nututi kudhi lajêng campuh pêpêrangan wontên ing awang-awang, damêl cingak saha gêtêripun para ajar tuwin para murid ingkang sami ningali. Dangu-dangu kudhi tugêl dados kalih, dhawah mangandhap sarêng kalihan arit, nanging aritipun taksih wêtah. Ingkang sami ningali sadaya sami surak. Ajar Citragati mêksa dèrèng purun nungkul, santun nyandhak kêndhi kalihan wicantên, têmbungipun: "Coba sapisan manèh, timbangana kapitêranku iki". Sasampunipun wicantên makatên, kêndhi kauncalakên manginggil. Kêndhi mumbul ing awang-awang lajêng mubêng nglêtêr, isinipun botên kècèr sakêdhik-sakêdhika. Ki Pandhanarang enggal nyandhak têkênipun, kasawatakên dhatêng kêndhi, kêndhi kenging, ajur dhawah mangandhap, namung toyanipun taksih wêtah awangun kêndhi. Para ajar lan murid sami surak malih. Ajar Citragati rumaos kawon anggènipun ngabên kasagêdan, lajêng tumut nungkul, nunten dipun sahadatakên sêsarêngan kalihan ajar sanèsipun. Bibar wontên lêlampahan makatên wau Ki Pandhanarang lajêng yasa pondhok wontên ing gisik ingkang waunipun awujud sagantên nanging lajêng malih dados dharatan jalaran kadhawahan têkên kados ingkang kacariyosakên ing nginggil. Anggènipun manggèn wontên ing ngriku sêsarêngan kalihan santri kathah, sami sênêng gêsangipun, jalaran ing gisik ngriku kathah ulamipun. Dene tiyang èstri ingkang dados kèngkènanipun Ki Pandhanarang ngantos dados jalaranipun para ajar sami nungkul ngrasuk agami enggal wau, lêstantun manggèn wontên ing Tirang, namung sabên dintên ngintun têtêdhan dhatêng pondhokipun Ki Pandhanarang. Salajêngipun tiyang ingkang sami manggèn ing sakiwa-têngênipun pondhokanipun Ki Pandhanarang saya dangu saya kathah. Sabên taun gisik wau mindhak wiyar jalaran kawêwahan walêd ingkang kasêmpyok utawi kabêkta dening yoya dhawah kantun ing gisik ngriku. Mindhakipun wiyar mangilèn, jêmbarakên pasitèn tumrap ingkang sami badhe dêdunung ing ngriku. Saking parêdèn ugi kathah tiyang-tiyang ingkang sami pados papan padunungan ing ngriku, sarta salajêngipun ugi sami ngibadah ngrasuk agami Islam. IX. KYAI AGÊNG PANDHANARANG KAPUNDHUT MANTU BATHARA KATONG NGANTOS PÊPUTRA Gêntos kacariyos, ingkang madêg adipati ing Panaraga, punika putra nata ing Majapait Prabu Brawijaya ingkang wêkasan, ajêjuluk Bathara Katong. Punika dèrèng krêsa ngrasuk agami Islam. Rumiyin nalika kaatag dhatêng ingkang raka Sang Panêmbahan ing Dêmak, sagahipun samangsa ingkang rama Prabu Brawijaya sampun seda. Wusana ingkang rama sampun surud, sang adipati lajêng sumingkir, tindak mratapa ing parêdèn Pencor. Sang Panêmbahan ing Dêmak mirêng bab wau, sangêt dukanipun, lajêng mborongakên dhatêng Ratu Wadat (Sunan Bonang). Sunan Bonang lajêng utusan bangsa luhur dharah Arab, nama Sèh Walilanang, kadhawuhan madosi lan ngislamakên Bêthara Katong. Utusan ugi enggal-enggal mangkat. Kacariyos Kyai Katong punika pêputra kalih, putri sadaya,.Pambajêngipun sampun ngancik diwasa, ingkang waruju kirang langkung taksih umur sadasa taun. Sadangunipun wontên ing parêdèn wau Kyai Katong sangêt anggènipun manggalih dhatêng ingkang putra kêkalih, kuwatos manawi botên sagêd madosakên jodho ingkang satimbang. Wusana lajêng tuwuh pangunandikanipun makatên: "Mati ya mati, nanging nèk anakku wis padha mêntas, olèh papan sing kêpenak. Sanadyan kêpêksa ngrasuk agama anyar, iya dak lakoni, janji anakku karo pisan padha olèh papan sing bêcik. Ing êndi prayogane anggonku arêp salin agama". Nalika punika Kyai Katong lajêng priksa cahya mancorong wontên lèr kilèn. Pangandikanipun: "Sing mancorong kae apa. Mbokmanawa iku pituduh sing wigati. Yèn mêngkono bêcik dak paranane!" Kyai Katong lajêng mangkat ngalèr ngilèn. Putra kêkalih kabêkta. Botên antawis dangu Sèh Walilanang dumugi ing parêdèn Pencor. Nanging Kyai Katong sampun botên wontên. Sèh Walilanang lajêng tindak ngalèr ngilèn, nututi Kyai Katong. Tindakipun Kyai Katong dumugi ing Jurangsuru. Ing ngriku kèndêl sawatawis, pinanggih tilas ajar nama Nayagati ingkang sampun ngrasuk agami Islam, sarta dados sakabatipun Ki Pandhanarang. Sasampunipun têpang-têpangan, Kyai Katong lajêng nyariyosakên yèn anggènipun tindak saking parêdèn Pencor punika badhe murugi cahya ingkang katingal mancorong saking katêbihan, wusana wontên ing patrukan ingkang dumunung wontên ing pinggir sagantên cahya wau ical. Nayagati kadangu punapa sumêrêp dhatêng ingkang dêdunung wontên ing patrukan wau.
Wangsulanipun: "Inggih sumêrêp, punika Ki Pandhanarang, guru kula, taksih timur tur kathah kasagêdanipun. Rumiyin asalipun saking Dêmak, wayah sang panêmbahan. Wontênipun ing ngriku kautus Sunan Bonang, kadhawuhan ngislamakên para ajar." Dipun aturi makatên wau Kyai Katong lajêng mundhut kadhèrèkakên dhatêng pondhokipun Ki Pandhanarang, lajêng ngandikakakên asal, asma tuwin wigatosing tindakipun. Kajawi punika ugi mratelakakên yèn karsa dipun Islamakên, sok ugi ingkang ngislamakên sanès Sèh Walilanang. Ki Pandhanarang mituruti sapanêdhanipun Kyai Katong. Sanalika ngriku Kyai Katong lajêng kaaturan ngapilakên sahadat. Kêlampahan sampun ngrasuk agami Islam. Putranipun ingkang pambajêng kaparingakên dados têtimbanganipun Ki Pandhanarang. Botên antawis dangu Sèh Walilanang dhatêng ing pondhokipun Ki Pandhanarang, tinampi kalihan sae. Sèh Walilanang ngandharakên anggènipun dados utusan, lajêng dipun cariyosi manawi Kyai Katong sampun dipun Islamakên dhatêng Ki Pandhanarang piyambak, Sèh Walilanang lêga manahipun, tangan kaêcungakên manginggil kalihan tumênga ngucap sukur dhatêng Pangeran sarta nyuwunakên widadanipun Kyai Katong. Wontên ing pondhokipun Ki Pandhanarang Sèh Walilanang sinubya-subya, sarta lajêng dipun jak rêmbagan. Wosing rêmbag Sèh Walilanang dipun têdha damêlipun kapurih ngrencangi ngislamakên têtiyang ing laladan ngriku. Ing gisik sawetaning patrukanipun Ki Pandhanarang pasitènipun sae, Sèh Walilanang kapurih ngênggèni. Sèh Walilanang botên suwala. Sarèhning papan padununganipun Ki Pandhanarang kala samantên dèrèng dipun sukani nama, Sèh Walilanang mrayogèkakên supados kanamakakên Sêmarang, kapêthèk ing têmbe panggenan wau badhe dados agêng, dipun ubêngi pagêr banon sarta kathah tiyangipun. Sèh Walilanang wiwit têtruka. Ing ngriku lajêng yasa susukan, lêncêng anjog ing sagantên, kangge margi toya ingkang nginggahakên êndhut murih inggilipun pasitèn wau. Papan padununganipun Sèh Walilanang wau kanamèkakên Kaligawe. Lami-lami ugi kathah tiyang ingkang sami tumut dêdunung ing ngriku. Nuju satunggaling dintên Ki Pandhanarang lan Kyai Katong sami rêmbagan. Kyai Katong dipun aturi supados tindak mangilèn, madosi panggenan ingkang wontên witipun wungu dhoyong manglung ing pinggir lèpèn. Panggenan wau kaaturan mbukak, awit ing têmbe sanadyan alit badhe dados kitha. Kyai Katong ngèstokakên, lajêng bidhal mangilèn, putra ingkang waruju kadhawuhan ndhèrèk. Tindakipun saèstu mrangguli wit wungu ingkang manglung ing lèpèn. Lajêng yasa pondhok nglêmpakakên tiyang ingkang purun. Danguning-dangu panggenan wau kathah tiyangipun, lajêng misuwur nama Kaliwungu. Ingkang sami dhatêng manggèn ing ngriku sami maguru dhatêng Kyai Katong. Kacariyos wontên tiyang saking Bagêlèn nama Prawita, dhatêng tumut têtruka ing Kaliwungu lan maguru dhatêng Kyai Katong. Prawita wau mantêp lan tabêri sangêt anggènipun nggêgulang ngèlmi, sangêt ndadosakên karênanipun Kyai Katong, ngantos lajêng kaangkat dados guru lan kapundhut mantu. Inggih mantunipun Kyai Katong wau ingkang nurunakên para tuwan tanah ing Kaliwungu. Kacariyos ing Dêmak sang panêmbahan sèlèh kalênggahanipun, ginêntosan dening putra. Saking kaparêngipun sang panêmbahan enggal, ingkang putra Ki Pandhanarang kaparingan sêsêbutan pangeran, dene ingkang paman Kyai Katong kawênangakên ngagêm sêsêbutan Sunan Katong. Ingkang makatên wau mawi sinêksenan dening para agung tuwin pana pangagêng. Pangeran Pandhanarang lêstantun dêdalêm wontên ing Sêmarang. Putranipun sakawan, kakung kalih putri kalih, kaparingan nama Radèn Kaji, Radèn Kêtip, Bokmas Katijah lan Bokmas Aminah. sarêng sampun sami diwasa putra sakawan wau inggih lajêng sami krama sadaya. Radèn Kaji pikantuk putranipun Pangeran Panggung lan Radèn Kêtip pikantuk anakipun Sèh Walilanang. Sèh Walilanang kala samantên sampun santun nama Maulana Alus Islam lan madêg dados imam ing Sêmarang. Anakipun tiga, jalêr kalih, èstri satunggal. Punika sadaya kapundhut mantu dhatêng Pangeran Pandhanarang. Botên watawis dangu Sunan Bonang ing Tuban seda. Pangeran Pandhanarang ugi tindak nglayat. Sakonduripun saking nglayat, lajêng gêrah ngantos seda. Radèn Kaji lan Radèn Kêtip sami sowan dhatêng Dêmak prêlu ngaturi priksa sedanipun ingkang rama. Saking kaparêngipun sang panêmbahan, Radèn Kaji kadhawuhan nggêntosi ingkang rama ngagêm sêsêbutan Dipati Mangkubumi. Dene Radèn Kêtip kawisudha dados patih mbiyantu ingkang raka. Jumênêngan dipati wau sinêngkalan: muktiningrat catur bumi (taun 1418). Bibar sowan sang panêmbahan wau sang dipati tuwin patih sami nglajêngakên lampah, gêntos sowan gurunipun inggih punika Sunan Kalijaga ing Adilangu. Sunan Kalijaga dipun aturi priksa wontêning lêlampahan sangêt jumurung, ngucap suka-sukur dhatêng Pangeran. Dipati Mangkubumi kaparingan pangèstu sarta dipun wêling supados lêstantun anggènipun ngidhêp dhatêng pangeran lan adil anggènipun nindakakên paprentahan. Patih Radèn Kêtip ugi kaparingan pitêdah warni-warni sarta kadhawuhan mituhu lan mantêp anggènipun ngrencangi ingkang raka. Bibar kaparingan pangèstu lan dipun pangandikani warni-warni wau, Dipati Mangkubumi kondur dhatêng Sêmarang, wiwit nindakakên padamêlanipun suwargi ingkang rama. X. ADIPATI MANGKUBUMI ING SAMARANG TILAR KAMUKTÈN, NGANTOS JUMÊNÊNG WALI, SUNAN TÊMBAYAT Sarêng sampun sawatawis dangu anggènipun ngasta paprentahan, Dipati Mangkubumi utusan abdi ingkang pinitados dhatêng Adilangu prêlu nyaosakên pisungsung dhatêng Sunan Kalijaga awujud agêm-agêman tuwin arta. Dhatênging utusan, Sunan Kalijaga pinanggih sawêg macul wontên ing pakawisan. Utusan matur saprêlunipun. Sunan Kalijaga ngandika makatên: 

"Matura karo bêndaramu yèn wis dak tampa, bangêt panarimaku. Aku gênti awèh pisungsung, iki caosna marang bêndaramu". Anggènipun ngandika makatên wau kalihan namakakên paculipun mbrengkal siti kaparingakên dhatêng utusan. Utusan inggih sangêt gumunipun dene dipun caosi pisungsung ingkang agêng pangaosipun têka namung gêntos maringi siti saprongkol. Ewadene inggih matur sandika, nyuwun pamit lajêng wangsul, kalihan ambêkta prongkolan siti paringipun Sunan Kalijaga. Sadumuginipun ing Sêmarang sang adipati botên wontên ing dalêm jalaran sawêg sowan dhatêng Dêmak. Utusan nusul dhatêng Dêmak. Dumugi ing Dêmak lajêng ngaturakên lêlampahanipun sarta nyaosakên buntêlan mawi kapratelakakên isinipun. Sang adipati gumun, nanging sarêng buntêlan kabikak, priksa prongkolan siti sampun malih dados jêne, sangêt amlênggong. Dipun galih-galih, rumaos yèn dipun sêmoni Sunan Kalijaga anggènipun taksih nêngênakên dhatêng kadonyan. Sakala ngriku tuwuh kêkênthêlaning panggalih badhe mratobat sarta badhe nênêpi ngudi sampurnaning kasidan. Lajêng sèrèh kalênggahanipun, ingkang rayi Radèn Kêtip kadhawuhan anggêntosi dados adipati ngêrèhakên laladan Sêmarang.

[7] Bibar pasrah-pasrahan lajêng sowan dhatêng sang panêmbahan ing Dêmak prêlu nyuwun palilah anggènipun badhe nglêksanani karsanipun. Sang panêmbahan njurungi lan maringi idi pangèstu. Samunduripun saking ngarsanipun sang panêmbahan, adipati Mangkubumi gêntos sowan Sunan kalijaga, ugi prêlu nyuwun pangèstu. Sunan Kalijaga mrayogèkakên, kanthi ngucap suka sukur dene sang adipati sampun èngêt, badhe ngudi dhatêng kautamèn tuwin kasampurnan. Mila Sunan Kalijaga inggih lajêng maringi idi pangèstu. Adipati Mangkubumi lajêng bidhal mêngkêrakên kamuktèn, tindak mangidul kadhèrèkakên garwa kêkalih. Salajêngipun sang adipati wau rawuh ing dhusun Têmbayat. Wontên ing ngriku dangu-dangu pikantuk pangaksamaning Pangeran, ngantos sagêd madêg dados wali. Turunipun sami nglajêngakên dêdunung ing Têmbayat, lêstantun ngantos dumugi sapriki. Dados manawi miturut suraosing sêrat Kandha, ingkang madêg dados bupati wontên Sêmarang ngagêm sêsêbutan Pangeran Pandhanarang punika Radèn Made Pandhan putra Radèn Sabrang Wetan, wayah sang panêmbahan ing Dêmak. Dene ingkang madêg dados wali ing Têmbayat punika sanès Pangeran Pandhanarang  wau, nanging ingkang putra, Adipati Mangkubumi. Kajawi ingkang sampun kaandharakên ing nginggil wontên malih sêrat ingkang nyêbutakên asal-usulipun Sunan Bayat, inggih punika Sêrat Sajarah Dalêm, damêlanipun Ki Padmasusastra. Ing ngriku kapratelakakên bilih putranipun Nata Majapait ingkang wêkasan, Prabu Brawijaya V, punika sadaya wontên satus langkung satunggal. Putra samantên kathahipun wau wontên gangsal ingkang asmanipun prêlu kasêbutakên ing ngriki, jalaran wontên gêgayutanipun kalihan ingkang kacariyosakên ing nginggil, inggih punika: 1. Putra nomêr 94, asma Radèn Jaka Supana, alias Radèn Têmbayat; 2. Putra nomêr 97, asma Radèn Jaka Bodho, ingkang sabêdhahipun kraton Majapait dados sakabatipun Sunan Bayat, kadhawuhan dêdunung ing Majasta lajêng katêlah asma Kyai Agêng Majasta (kacocogna kalihan ingkang kacariyosakên ing nginggil kasêbut ing kaca 29); 3. Putra nomêr 98 asma Radèn Jaka Pandhak, punika ugi dados sakabatipun Sunan Bayat, kaparingan asma Sèh Kaliatu; 4. Putra nomêr 99, asma Radèn Jaka Wajak alias Radèn Jaka Wujil, ugi dados sakabatipun Sunan Bayat, kaparingan nama Sèh Sabukjanur (kacocogna kalihan ingkang kacariyosakên ing kaca 6); 5. Putra nomêr 100, asma Radèn Jaka Bluwo, ugi dados sakabatipun Sunan Bayat, kaparingan asma Sèh Sêkardalima. Manawi miturut suraosipun Sêrat Sajarah Dalêm wau mêsthinipun ingkang dados wali ing Têmbayat punika inggih putra Nata Majapait ingkang wêkasan ingkang kasêbut asma Radèn Jaka Supana alias Radèn Têmbayat. Klêmpaking pratelan ingkang nyariyosakên asal-usulipun Kyai Pandhanarang inggih Sunan Bayat, punika wontên warni tiga: 1. Nyariyosakên bilih Kyai Pandhanarang punika Prabu Brawijaya ingkang wêkasan; 2. Ngandharakên yèn ingkang madêg dados bupati ing Sêmarang asma Pangeran Pandhanarang punika Radèn Made Pandhan, putra Radèn Sabrang Wetan, wayah sang panêmbahan ing Dêmak sarta ingkang dados wali ing Têmbayat punika putra Radèn Made Pandhan ingkang asma Radèn Kaji, ingkang ugi dados bupati, asma Adipati Mangkubumi; 3. Mratelakakên yèn putra Nata Majapait ingkang wêkasan, Prabu Brawijaya V, punika wontên ingkang asma Radèn Jaka Supana alias Radèn Têmbayat. Punika pundi ingkang lêrês, kasumanggakakên dhatêng para maos anggènipun badhe mastani. Minangka pungkasaning cariyos ing ngriki badhe nyêbutakên asma utawi sêsêbutanipun para putra-wayahipun Sunan Bayat, run-tumurun dumugi dintên samangke, mirid saking cathêtan ingkang kacariyosakên taksih kasimpên dumugi sapriki. Miturut cathêtan wau: 1. Sunan Têmbayat pêputra Panêmbahan Jiwa (inggih punika ingkang kacariyosakên ing nginggil kabêkta Nyai Agêng kaliwungu ndhèrèk Kyai Agêng Pandhanarang saking Sêmarang dhatêng Têmbayat); 2. Panêmbahan Jiwa pêputra Panêmbahan Mênangkabul; 3. Panêmbahan Mênangkabul pêputra Panêmbahan Masjidwetan I; 4. Panêmbahan Masjidwetan I pêputra Panêmbahan Masjidwetan II; 5. Panêmbahan Masjidwetan II pêputra Pangeran Sumêndhi Anggakusuma lan Pangeran Sumêndhi Sidik; 6. Pangeran Sumêndhi Sidik pêputra Pangeran Tabiyani 7. Pangeran Tabiyani pêputra Pangeran Ngabdani ingkang kapundhut mantu suwargi Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan ing Ngayogyakarta ingkang kaping kalih; 8. Pangeran Ngabdani  pêputra Radèn Ayu Tandhanêgara; 9. Radèn Ayu Tandhanêgara pêputra Radèn Mas Masjidwetan III; 10. Radèn Mas Masjidwetan III pêputra Radèn Mas Masjidwetan IV; 11. Radèn Mas Masjidwetan IV, pêputra tiga, kakung kalih, putri satunggal (punika mbokmanawi taksih sami sugêng dumugi dintên
samangke)

1.             § Gotèk sanèsipun nyariyosakên bilih tiyang ingkang sami ambegal
nyai agêng wau tiyang tiga. Sambatipun nyai agêng dhatêng ingkang jalêr botên: "Kêbangêtên, kyai, ana wong salah têka tega", nanging
mungêl: "Nêdha tulung, kyai, wontên tiyang salah tiga". (kembali)
2.             § Kapratelakakên Jabalkat punika rêdi wadhahan ingkang ngubêngi lan
ngayomi dhusun Têmbayat. (kembali)
3.             dhisik ta. (kembali)
4.             § Kacariyosakên: Kyai Gagakdhoka lan Kyai Dakawana punika
rumiyinipun abdinipun Prabu Brawijaya ing Majapait ingkang kasêbut nama Sabdapalon lan Pak Mêlik utawi Nayagenggong. (kembali)
5.             § Kacariyos sarêng tilar donya Sèh Domba kakubur wontên ing rêdi
Cakaran, dene Kyai Kèwèl wontên ing dhusun Jimbung. (kembali)
6.             § Madêgipun Radèn Kêtip sinêngkalan: rasa guna rasaning rat (taun
1434). [Jika yang benar sengkalannya, mestinya angka 1636 jika yang benar tahunnya, maka sengkalannya salah]. (kembali)



Tidak ada komentar:

Posting Komentar